Lirik Lagu Jawa
Langgam
Dadi Ati
Nggoleki sing koyo ngopo
Wong nyatane kelakon seprene
Angger-angger gandro
Wekasane malah mbangun tresno
Dudu bondho dudu rupo
Mung atine dadi tetaline
Guyup rukun kadya
Pepindane mimi lan mintuna
Wis jamak lumrahe
Yen wong urip cobo lan godane gedhe
Supradhene ora nganti ndadak dadi gawe
Rino wengi dadi ati
Wong kang sabar luhur bebudine
Dasare gemati
Momong putra alus bebudine
Srihuning
Srihuning mustika Tuban
Labuh tresna lan saboyo pati
Marang Raden Wiratmoyo
Kang wis prasetya anyambut krami
Srihuning datan nggrahito
Kang rinipto kadange pribadi
Wiratmoyo putraniro
Ronggolawe adipati Tuban
Srihuning putrane abdi
Wongso pati nalikane uni
Kapupuh ing madya logo
Perang tanding lawan Minak Jinggo
Katresnane Wiratmoyo
Tinampi dene Roro Srihuning
Senadyan bebasaniro
Prapteng wisma alabuh Negara
Imbangono
Katresnanku
Saben dino mung ngalamun
Jroning sepi sepah samun
Amung tansah ngadulu
Wewayanganmu duh kangmas wong bagus
Tansah kumantil ing badane netro
Apa tego siro kangmas
Cidro ing janji
Misahke katresnan jati
Moko kangmas katresnanku
Bebasane tan bisa tinuku
Cundut lan prasetyaku
Atur marang jiwo lan ragaku
Lingsir
Wengi
Lingsir wengi
Sepi during bisa nendro
Kagodho mring wewayang
Kang ngeridhu ati
Kawitane
Mung sembrono njur kulino
Ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno
Nanging duh tibane aku dhewe kang nemahi
Nandan bronto, kadung loro
Sambat sambat sopo
Rino wengi
Sing tak puji ojo lali
Janjine mugo biso tak ugemi
Wuyung
Larane lara
Ora koyo wong kang nandang wuyung
Mangan ra doyan ra jenak dolan
Ning omah bingung
Mung kudu weruh
Woting ati duh kusuma bagus
Opo ra trenyuh sawangen iki
Awakku sing kuru
Klopo mudho leganono
Nggonku nandang bronto
Witing pari dimen mari
Nggonku loro ati
Aduh nyowo
Duhduh kusumo
Ora koyo opo pancen tego
Mbok mbalung janur
Paring usodo mring kang nandang wuyung
Setyo
Tuhu
Aku kang satyo satuhu
Wit biyen nganti saiki
Bebasane peteng
Kebakal ana seminar
Andhiko pangayomanku
Lahir batin tuwus nyoto
Mung sajake andhiko
Semune kurang rena
Tondho yekti
Kaseksene rikalane
Ngangkat awrat
Mlampah tebih datan nesu
Mugyantuk berkahing widi
Andhiko mung tansah nimbang
Panyuwunku sedyo kula
Tansah anglam-lami
Nyidam
sari
Umpama sliramu sekar melathi
Aku kumbang nyidam sari
Umpama sliramu margi wong bagus
Aku kang bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semono
Janji prasetya ning ati
Tansah gumanthil ing netra rinasa
Rasa rasaning driya
Midero sak jagad royo
Kalingono wukir lan samudra
Nora ilang memanise aduh
Dadi ati selawase
Naliko nira ing dalu atiku
Lam-laman siro wong bagus
Nganti mati ora bakal lai
Lha kae lintange mlaku
Mawar
biru
Tumetes ing waspaku
Ora tego rasane atiku
Ninggalake sliramu
Pria idamanku
Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasane atiku
Ngelengake naliko bareng mlaku-mlaku
Ora nyono ora ngiro yen ngene dadine
Aku kudu melu ndherekake rama lan ibuku
Muleh ning ndesaku
Wekasan mung welingku
Aku titip kembang mawar biru
Openono minangka
Tondho katresnanku
Tondho
moto
Senajan to ora mesro
Tondho moto sing tak tompo
Senajan amung sepele
Ngelengake
kabeh lelabete
Koyo rembulan lumaku
Mertandhani wanci dalu
Koyo tumetesing banyu
Ngelengake kangen ing atiku
Kae tondho moto
Mertandhani ati tresno
Najan nate gawe gelo
Ning nyatane mung katon ing moto
Tak simpen ana kamarku
Dadi sulih sliramu
Tak simpen ana atiku
Liyo wektu bakale ketemu